Story of Joko

Saturday, March 20, 2004

Dina setu, aku mulai mikir-mikir menawa wong urip iku kudune samadya marang apa kang bisa digayuh...
Ing babagan bandha lan kapinteran akal mbok menawa ana wates tinamtu sing diduweni... ananging wates-wates kasebut kudu diudi dening saben pribadhi, awit wates-wates kasebut ora bisa kinawruhan kanthi cetha menawa ora dicoba. Ing babagan pasrawungan ora ana wates, angger ana kekendelan lan benteng pribadhi kang bisa njaga pendhirian. Ananging ingkang paling utama iku srawung marang Gusti Allah SWT; Panjenengane ora paring wates... mula ayo padha srawung marang Gusti Allah SWT.
Comments: Post a Comment

This page is powered by Blogger. Isn't yours?